Tembang Macapat Sinom


1. pengertian
Sekar macapat sinom yaiku salah sawijining sekar macapat kang baiase manggoni urutanke-3 ing macapat.
Sinom  iku ateges kanoman
, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wonganom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

2. Watake tembang sinom
Sekar macapat sinom iku watake :-
 canthas,-
 trengginas,-
 lincah, lan-
 grapyak.

3. Gambaran tembang sinom
Tembang sinom mathuk kanggo nggambarake kahanan gerak sing ngetokake keprigelan(Haryatmo dkk, 2003:14).Secara garis besar, sekar macapat sinom iku nggambarake menungsa kang nduweni sipatkang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. 

4. Guru gatra , guru wilangan , guru lagu tembang sinom
-Guru gatra : cacahe gatra(baris) saben sak pada (bait ).-
-Guru wilangan : cacahe wanda (suku kata) saben sak gatra(baris).
-Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning gatra(baris).

Sinom Laras Pelog Pathet Nem
  Nu-la-dha la-ku u-ta-ma
 Tum-mra-pe wong ta-nah Ja-wi
 Wong a-gung ing ngek-si-gan-da
 Pa-nem-ba-han Se-no-pa-ti
 Ka-pa-ti a-mar-su-di
 Su-da-ne ha-wa lan nap-su
 Pi-ne-su ta-pa bra-ta
Tan-nan-pi ing si-yang ra-tr i
 Ha-me-ma-ngun kar-ye-nak tyas-sing sa-sa-ma

Guru gatra : 9-
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8,12-
Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u,7-a, 8-i, 12-a




Sumber: http://myblogblogmu.blogspot.com/2015/06/materi-sinomwayangjajanan-tradisional.html?m=1

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini