KAWRUH CERKAK A. P ANGERTEN CERKAK UTAWA CERITA CEKAK Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang. × UNSUR-UNSUR INTRINSIK Tema Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos Watak Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, jinising watak inggih punika : a. Protagonis , yaiku paraga kang nduweni watak becik. b. Antagonis , yaiku paraga kang nduweni watak ala. c . Tritagonis , yaiku paraga kang dadi penengah. Latar Latar inggih punika panggenan, wekdal...