Gamelan Jawa Gamelan inggih menika seni musik tetabuhan tradhisional asli saking Indonesia utamanipun saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.
Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan:
1. Wujud Tebokan
Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud, bahan, cara nabuh gamelan:
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).
2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking.
3.Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer.
4.Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong.
5.Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung.
6.Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak.
Sumber: http://avindaekadamayanti.blogspot.com/2017/05/materi-bahasa-jawa-uyon-uyon-lan-gamelan.html?m=1

rak mungkin ngetik dewe wkwwkwk
BalasHapusLah ikii kii muantapp
BalasHapusBagus banget
BalasHapus