KAWRUH CERKAK
A. PANGERTEN CERKAK UTAWA CERITA CEKAK
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang.
× UNSUR-UNSUR INTRINSIK
Tema
Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos
Watak
Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, jinising watak inggih punika :
a. Protagonis, yaiku paraga kang nduweni watak becik.
b. Antagonis, yaiku paraga kang nduweni watak ala.
c. Tritagonis, yaiku paraga kang dadi penengah.
Latar
Latar inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan rikala kadadosan kasebat kalampahan.
Latar Papan
Tuladhanipun : Omah kang bakal dikontrakake iku omah loji kang mapan ana ing sakulone kali Progo
b. Latar Wekdal
Tuladhanipun : Srengenge ing mangsa panas kaya wulan Oktober ngono panase jumepet.
c. Latar Swasana
Tuladhanipun : Kenthong titir marambah-rambah swarane wong lanang, wadon, gedhe, cilik padha apting jlerit golek keslametan. Dibarengi udan gede, angin tumiyup kaya prahara, pating kreyot omah padha ambruk mbaka siji.
Alur (Plot)
Inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Sudut pandang
I Inggih punika kalengahanipun panyerat rikala nyariosaken, sudut pandang/point of view punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika :
a. Minangka Tiyang Ingkang Kapisan
èPanyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken
b. Minangka Tiyang Ingkang Katiga
èPanyerat minangka dahalang ing cariyosipun
Isi wejangan (amanat) / Piwulang luhur
Inggih punika [iweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksinten ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
Sumber: http://avindaekadamayanti.blogspot.com/2017/05/materi-bahasa-jawa-cerkak.html?m=1
Sumber: http://avindaekadamayanti.blogspot.com/2017/05/materi-bahasa-jawa-cerkak.html?m=1

Mantab
BalasHapusBahasanya bagus mudah dipahami
BalasHapusMantap"
BalasHapusMantapp..luar biasa
BalasHapus